Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/18

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

kok malah arep melu sasar susur ing babagan pedhukunan. Dadi guru, pawongan kang digugu lan ditiru. Digugu lan ditiru ing reh tumindak lan pangandikan. Bareng ngelingi yen dheweke jejering dwija, Prasojomung bisa pasrah lan sumendhe ing karsa marang sing Mahakuwasa. Jer pati, rejeki, jodho ngono ujaring para pinter manungsa mung bisa mbudidaya. Purba lan wasesa ana astane Kang Mahamulya.

Sore kuwi Prasojo thenguk-thenguk ing plataran mburi omah. Saka kadohan katon jenggerenge Gunung Merbabu kayakaya pinulas warna biru. Semburate surya wis warna abang maya-maya pratandha yen arep mungkasi dina. Lawa-lawa wis padha metu saka pandhelikan. Manuk iber-iberan padha mulih marang susuhe dhewe-dhewe kumpul karo kulawargane. Paran­dene Prasojo durung owah saka panggonan. Mripate isih nyawang ali-ali mata biru sing digujengi ana ing tangan kiwa. Prasojo unjal ambegan kaya-kaya ngilangake aboting rasa kang nggubel ana dhadha.

"Pak Pras, dhuh... ngalamun kok ora rampung-rampung. Aku sing ana kene kawit mau ora digagas blas," panguwuhe Yuni.

Prasojo kaget, ora ngira menawa Yuni wis ana cedhak kono.

"Wis suwe, Jeng Yun?" pitakone Prasojo.

"Ya, sauntara, Pak Pras. Jane ngapa ta? Apa sing digalih? Mbok menawa aku bisa ngentheng-enthengi sing dadi peng­galihan, Panjenengan," tembunge Yuni.

"Ora kok, Jeng. Iki perkaraku dhewe. Ana kersa apa ka­ dinga­ren tindak mrene?"

"Iki mau aku didhawuhi ibu ngeterake dhaharan karo tumis kangkung. Jare ibu mesakake Pak Pras urip ijen tanpa rowang. Kae mau takselehke neng meja makan. Dhahar saiki pa? Aku ya gelem kok ngancani Pak Guru sing bagus," celathune Yuni.

Prasojo mesem. Yuni bocahe ya ora nguciwani. Tindak-tan­duke ya nuju prana. Gunemane ya alus. Kadhang sok sembrana

Nalika Rembulan Bunder | 7