Wong loro kuwi enggal menyang ngarepan, melu ngram pungi sing nembe padha nyukupi butuh. Jarman nyedhak Pak RT Masdi, mbisiki supaya nakokke dana saka dhusun.
“Yu Pujinah, dana sripah saking dhusun sampun katampi dereng?” pitakone Pak RT Masdi.
“Dereng Pak,” wangsulane Pujinah blaka.
“Oh..., sing nampi kula Pak RT.Hla, niki ..., kula lali badhe matur,” Sitar gupuh lan katon pucet, banjur menehke amplop putih marang sing nembe padha ngetung dhuwit layatan. Jarman lan Martondi mesem.
Sawise kabeh wis kerampungan. Para punggawa dhusun lan warga sing rewang padha bali. Saperangan waris-waris durung padha bali, kalebu Jarman lan Martondi. Wong loro kuwi ngampet guyu nalika Sitar kliteran turut cedhak lesung lan babragan pawon, genah ana sing digoleki. Kamangka sing digoleki wis didhelikke dening Jarman lan Mar tondi. Lan nyatane Sitar ora alok kelangan, ateges pancen sengaja ora kepengin dingerteni wong liya. Wusanane Sitar mulih tanpa nggawa apa-apa.
Martondi lan Jarman enggal masrahke barang-barang lan dhuwit entuke nemu marang Pujinah. Wong loro kuwi meling supaya ora perlu diwedharake, wis ben dadi crita ing antarane wong telu kuwi wae, karepe dimen kanggo njaga swasana amrih ora congkrah sedulurane. Pujinah sarujuk lan matur nuwun. (***)
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
Al Aris Purnomo, mangon ning Karanglor RT 02/01, Manyaran, Wonogiri.
108।Antologi Cekak