Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/106

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

gelem nglebokake ana kothak amal mesjid. Durung ibu-ibu pengu­rus PKK, lagi gawe ada-ada perlu canthelan plastik sing isine kanggo kebutuhan keluarga. Awake dhewe lak perlu mikir kuwi, ta, Mas?” alus takone.

“Wuh, kok kaya wong sugih,” semaure sak kecekele. Kreneng mesem. Perlu nerangake kanthi teges.

“Aweh liyan iku ora perlu ngenteni sugih Mas... Tuladha wong kelalen wis akeh. Pak Dremba karo Pak Rakus sing sugihe mblegedhu merga nduweni kendaraan gungung telu bacute ya dipundhut sak durunge kober aweh sumbangan karo liyan...” Kreneng nggenepi.

“Banjur, apa awake dhewe arep mati?” pitakone Karso Ce­puk karo mesem. Kreneng melu ngguyu kecut. Nyawang Karso Cepuk kebak rasa sih.

“Mati ki aja dipikir kanthi basa blaka, ta, Pak. Mati iku bisa mati pangane tekan mati rezekine, bisa uga mati merga lara,” Kreneng aweh pitutur rada sempulur. Meneng-meneng Karso Cepuk nggatekake omongan mau. Nanging sing saiki lagi mloncat-mloncat ana pikirane, piye carane nglumpukake dhuwit. Zaman sing angel ditebak kaya saiki sajake perlu celengan akeh. Nanging, gandheng wong lanang sing umure seket taunan mau mikir dawa, banjur kudu aweh keterangan sing pakem.

“Piye Bu, yen sasi ngarep wae wiwite aweh sumbangan?” pitakone kemripik.

“Janji, ya, Pak. Kudu dituruti, lho,” semaure Kreneng nyoba ngencengake omongan. Udan sing riwis-riwis ngoyak hawa dadi krasa adhem. Lelorone, sakwise ngentekake bakmi godhog banjur ngadeg tumuju ruwang tamu. Bebarengan nonton teve.

Jam lima esuk sakwise adus lan sarapan sega rong bungkus, Karso Cepuk mblandhang menyang garasi trek. Ora pati adoh saka omahe. Cukup nunut ojol duweke tangga sing kebeneran uga lagi golek penumpang ana pangkalan, Pasar Penggaron. Watara rong puluh menitan trek wis antre nomer telu saperlu

Nalika Rembulan Bunder | 95