Kaca:Murkane Ibu.pdf/72

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

Satiti lan Satata pamitmenyang sekolah. Nanging ora lali padha sungkem marang bapak lan ibune, sadurunge menyang, Bapak lan ibune uga maringi donga pangestu lan ngendika marang anake sak- loron.

“Padha sing tekun lan tememen anggone sinau supaya bisa nggayuh gegayuhanmu.”

“Ngestokaken Pak, Bu, donga pangestunipun ingkang kula antu-antu,” wangsulane Satiti lan Satata.

Bareng wis pamit, Satiti lan Satata diterake bapakne anggone menyang sekolah. Anggone menyang sekolah jam 06.30 wib., tekan sekolahan jam 07.00 wib. Satata anggone tekan sekolahan luwih dhisik tinimbang Satiti. Amarga sekolahane Satiti luwih adoh.

Satiti lan Satata anggone mulih sekolah bareng jam 14.00 wib. padha dipethuk bapakne. Ora lali Satiti lan Satata bareng wis ganti klambi padha salat Dhuhur, banjur maem. Simbah Brindhil uga wis dhisik anggone dhahar ana ing omahe Satiti.

Adat saben sabubare dhahar siyang, Simbah Brindhil nyuwun disetelake TV. Pas disetelake TV acarane warta berita. Karemenane Simbah Brindhil mirsani Pa#roli lan Sergap. Nanging, amarga wektu wis jam 14.30 wib mula acara kuwi wisrampung. Banjur Satiti nggo- lekake berita ing Magetan, Jawa Timur, yaiku berita mnotor mabur Hercules sing tiba ing sawah. Simbah Brindhil mendel mawon, lajeng ngendika sawise tekan nyiarake penumpang sing mati.

“Tobat-tobat Soto Babat.”

Satiti kaget krungu tembungeSimbah Brindhil. Satiti banjur nyu- wun pirsa marang Simbah.

“Simbah kok ngendika tobat-tobat, ta Mbah, kok mboten mnahllahi?”

“Ha wong motor mabur tiba ndadak ngresiki gendheng omahe wongMagetan, banjur akeh sing mati.” ngendikane Simbah Brindhil.

“Lhakok mboten maos mnalillahi, Mbah, kok malah tobat-tobat soto babat. Niku namine alangan Mbah. Ngendikane Simbah tobat punika tegese kedah ngatos-atos ugi waspada, ngaten ta Mbah?” pitakone Satiti.

“Geneya ngerti,” ngendikane Simbah Brindhil.

“Namung kinten-kinten kemawon kok, Mbah.”

“Ya ora apa-apa, sing penting kowe bisa nganggit karepku.

Coba wis gatekna, biyen wis ana air-a!7 apa kae alangan. Liyane a7-

> “Murkane Ibu” ee 63