Kaca:Murkane Ibu.pdf/50

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

sumrambahe marang warga. Mula aku pesen mempengana anggo- nanmu ngibadah. Amarga ngibadah iku, dhasar kanggo sekabeha- ne. Pengalaman pait bapakmu iki bisa kanggo tuladha sing ala, sing kudu adoh-adoh tok tinggalake.”

Pak Jono banjur mungkasi critane. Pak Jono sajake wis tobat temenan lan pengin ngakehi rasa syukure marang Gusti lan mem- pengake anggone ngibadah. Banjur Paiman njawab kanthi tulusing Ati.

“Inggih Pak, Insya Allah kula saget dados anak ingkang saget panjenengan kersakaken. Dalem badhe ningkataken rasa syukur ugi ngibadah ingkang langkung lebet. Sedaya menika saget dados tuntunan kula anggenipun nglampahi gesanging tembene. Donga pangestu Bapak kalih Ibu sanget kula antu-antu.”

“Alhamdulillah. Bapak lega banget yen kowe duwe pangarep- arep ngono. Aku lan ibumu bakal mangestoni lan tansah dedonga kanggo kowe, Le.”

Keluarga Pak Jono bisa dadi ayem tentrem. Mlaku apa anane sing dilambari saka okeh-okehe rasa matur nuwun marang kang gedhe marang Gusti Ingkang Maha Kuwaos.

banu

Nur Ichsanuddin A.K. , lair rikala tanggal 17 Maret 1992, ing Kulon Progo, sekolah ing SMK Negeri 1 Pengasih, Kulon Progo, Jalan Kawijo 11, Pengasih, Kulon Progo, telepon (0274) 773081, agama Islam, omahe ana ing Kedungan III, RT 07717, Kedungan, Temon, Kulon Progo, telepon omahe (0274) 8210601, HP-ne 085228925070, kesenengane ngrungokake radhio.


> “Murkane Ibu” ee 41