Kaca:Mardi Jawi 3.pdf/89

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi


Danu : Mila inggih awrat tanggel! jawab kula saha tetanggelan panjenengan tumraping nenuntun dhateng masarakat.
Dirja : Saestunipun inggih makaten. Mila kula lan panjenengan kedah tanpa kendhat anggénipun sami suka sesuluh dhateng masarakat. Suka tuladha, kula panjenengan dadosa tetuladanipun tiyang kathah.


VI. KASUSASTRAN

A. ROMAN

Roman iku crita gancaran kang nggambarake uriping wong-wong (kang dadi baku jejering lelakon) kang padha sesrawungan ing sawijining lingkungan (melieu): wiwit awal tumekeng akiring uripe. Ing crita iku uga kagambarake kaananing alam papan panggonane lan-kaanane masarakat sakiwa-tengene. Watak kapribadining lan batine wong sing dicritakake kagambarake kalayan cetha tekan prekara kang cilik-cilik. Mulane roman iku awujud crita gancaran kang dawa, mula lumrahe, critane dipecah-pecah dadi fragmen-fragmen.

Manut isine, roman iku warna-warna jenise, kaya ta:

a. Roman Kemasarakatan (Roman Sosial)

Yaiku roman kang ngandharake kepincanganing kaanan masarakat, kaya ta:

- Jarot anggitane asawildiagda
- Karti njunjung drajat anggitane Yasawidagda.
- Serat Riyanta anggitane P.B. Sulardi.

b. Roman adat

Roman kang isi andharan kang magepokan karo adat tatacara ing masarakat, kaya ta :

~ Pramacitra
- Kembang katresnan
- Serat Riyanta

c. Roman Sejarah

Roman kang awewaton sejarah, Wong-wong kang dadi jejering lelakon disebut-sebut ana sejarah. Andharane ora kena nyrimpang karo kaananing sejarah, kaya ta :

87