Kaca:Mardi Jawi 3.pdf/86

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
4. Tandang-tanduke becik kancaku.
5. Becik tandang-tanduke kancaku.
6. Tawangmangu iku seger hawane.
7. Tawangmangu iku hawane seger.
8. Hawane seger Tawangmangu iku.
9. Hawane Tawangmangu iku seger,
10. Seger / hawane // Tawangmangu iku.
11. Séger // hawane Tawangmangu iku.
12. Adhiku kancane akeh banget.
13. Kancane adhiku akeh_banget.
14. Kancane akeh banget adhiku.
15. Akeh Akeh banget / kancane // adhiku.
16. Akeh banget // kancane / adhiku.


IV. NULIS

AKSARA REKAN

A. Wujude akeara rekan, yaiku :

ꦏ꦳꧈ ꦢ꦳꧈ ꦥ꦳꧈ ꦗ꦳꧈ ꦒ꦳꧉

 (kh) (dz) (f) (z) (gh)

- Aksara rekan iku mung kanggo' nulisi tembung-tembung manca kang perlu dicethakake pakecapane, kaya ta :

ꦏ꦳ꦲꦸꦩ꧀ ꦏ꦳ꦧꦂ ꦗ꦳ꦏꦠ꧀

ꦢ꦳ꦭꦶꦩ꧀ ꦥ꦳ꦲꦩ꧀ ꦒ꦳ꦇꦧ꧀

- Aksara rekan iku yen oleh sandhangan kang dununge ana ing sadhuwuring aksara, upama : /,  ꦶ,  , ꦼ sandhangane iku kudu katulis ing buri, satengene cecek telu, upamane :

ꦢ꦳ ꦶꦏꦶꦂ ꦥꦼꦂꦭꦸ ꦥ꦳ꦶꦠꦿꦃ ꦥ꦳ꦶꦂꦩꦤ꧀

- Aksara ꦏ꦳꧈ ꦢ꦳꧈ ꦗ꦳꧈ ꦒ꦳꧈ ora wenang dadi pasangan.

- Aksara rekan kang wenang dadi pasangan iku​ ​꧀ꦥ꦳ dene yen ​sesak papane, aksarane sesigeng kudu dipangku, pasangan ꧀ꦥ꦳ malih dadi ꦥ꦳.

84