Kaca:Mardi Jawi 3.pdf/73

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Tunggale:

Buktekna manawa kagolong rura basa !

1. ndheplok gethuk.
2. mikul dhawet
3. mbathik iket
4. menek krambil
5. adang thiwul

6. ngenam klasa
7. adang sega
8. ngombe kopi
9. nenun mori
10. ngantih benang


D. Apa tegese tembung-tembung sing kacithak kandel ing ngisor iki ?

1. Surya sampun serap.
2. Sapunika surya kaping 26 Rejeb.
3. Swaraning peksi sampun sirep.
4. Benteripun badan sampun sirep. 5. Resi Drona ing Soka Lima.
6. Resi kintunan arta saking Pos.
7. Lampahipun R. Wrekudara medal wanadri.
8. Nalika taksih enem ageng lampahipun. Sareng sepuh, manggih kamulyan.
9. Ringgit dalu punika mendhet lampahan Bima Suci.


III. PARAMASASTRA

Terangna tegese ater-ater "sa" ing tembung-tembung kang kaecap kandel ing ukara-ukara iki !


1. Aja nuruti sakarepe bocah, mula sapolah-polahe ya kudu diruruhi !
2. Yen kowe gelem mangana rambutan iki samaremmu, mumpung aku tuku sakranjang.
3. Entenana satekane kakangmu supaya ora gela. Mung bae sakwise satekane omahmiu mengko aja lali matur eyang.
4. Lho iki watu sagajah ana ing dalan kok cra disingkirake, apa wong-wong sakiwa tengene kene padha sarujuk yen digeser minggir !
5. Sapungkure bapak, eyang sapendhereke rawuh.
6. Pira regane bakal klambi iki sametere ?

Aku arep tuku sacukupe wong loro bae, wong dhuwit sethithik ya sacukup-cukupe anggonku mblanjakake.

71