Kaca:Mardi Jawi 3.pdf/5

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
PURWAKA

  Nuwun kangge mbantu nyekapi kabetahan mucalaken Basa Jawi ing SMP kula ndhapuk buku MARDI JAWI ingkang adhedhasar KURIKULUM SMP, Garis-garis Besar Program Pengajaran Bahasa Daerah ingkang kadhapuk dening Departemen Pendidikan dan Kebudayaan Jakarta Agustus 1987.

  Esthining manah, mugi-mugi buku MARDI JAWI punika sageda dados cepenganipun para siswa ing SMP anggenipun sami gumregut anampi piwucaling gurunipun ing babagan basa Jawi pusaka saking leluhur kita ingkang kedah dipun emi-emi turun-temurun.

  Minangka pamecuting pasinaonipun para siswa, pandhapukipun buku punika ing pangarah migunakaken cara “pendekatan CBSA” kanthi prasaja, antawisipun arupi :

- katerangan-katerangan ingkang gampil katampi,

- tugas-tugas klompok piyambakan ing griya,

- srasehan klompok,

- latihan-latihan.

  Mugi-mugi buku MARDI JAWI punika sageda dados ancer-ancer tumrapipun kanca-kanca guru ing SMP anggenipun sami nenuntun lan nenangi para siswanipun amrih saged ngginakaken Basa Jawi kanthi : teteh, titis, leres, tuwin sageda maos lan nyerat mawi aksara Latin/Jawi ingkang leres.

  Buku MARDI JAWI punika dumados saking 3 jilid, inggih punika :

- Jilid 1 kangge siswa kelas I

- Jilid 2 kangge siswa kelas II

- Jilid 3 kangge siswa kelas III

  Wasana minangka panutuping atur, mugi-mugi wontena paring panjenengan pitedah saha panyaruwe ingkang tumuju dhateng sampurnaning buku MARDI JAWI punika.

Surakarta, April 1989

aturipun

Pandhapuk