Kaca:Mardi Jawi 3.pdf/48

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Tuladha: Pethikan saka layang Sendhon langen swara anggitan dalem Mangkunagara IV.

1. Citramengeng, laku 12 bali kaping 4, kapedhot 6/6 :

    Lamun sira kaki, dumadi prajurit,
    den bisa tulada, patih Mahespaiti,
    lelabuhanira, ingkang triprakara,
    guna, kaya, purun, estu yen utama.

2. Kusumastuti, laku 13, bali kaping 4, kapedhot 7/6

    Dhuh kulup putraningsun, sireku wus wanci,
    pisah lan jeneng ing wang, ywa kulineng ardi,
    becik sira neng praja, suwiteng narpati,
    nanging ta wekasingwang, ywa pegat teteki.

3. Mintajiwa, laku 16, bali kaping 4, kapedhot 8/8

    Larasing reh sang ener kung,. ing dyah lan kapadhan ing sih,
    kasangsaya ing jurida: rudatine angranuhi,
    ngrancaka tanah wigena, ginupita ing sahari,
    rinipta pama puspita, pantes patrape kang warni.

E. RUMPAKAN PUISI JAWA GAGRAG ANYAR

 Rumpakan puisi Jawa gagrag anyar iku rumpakan puisi kang ora kaiket wewaton kaya ing rumpakan tembang (puisi tradisional Jawa) kang arupa : Cacahing gatra saben Sapada, guru wilangan, guru lagu. Edi penining rumpakan mung ngendelake :

- pilihaning tembung-tembung kang mentes

- wirama

- busananing basa kang awujud : purwakanthi, dwipurwa seselan um, utawa in.

46