Kaca:Mardi Jawi 3.pdf/34

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi


Pr.Salya : kamukten Lampah makaten wau nama ngenggeni wataking satriya. Mila pamrayogi kula mugi dipun parengna wayah kula pun Harya tumut andon yuda. Jer manawi wonten parmaning Jawata, anak Prabu tumpang jayanipun boten sanes inggih pun Harya ingkang badhe‘ngraosaken kamukten tuwin kawibawanipun.”
Pr. Suyudana : "Nuwun inggih Paman Prabu, kula namung andherek pamrayoginipun Paman Prabu. Kajawi saking punika Bapa, Bapa Senapati, kaparenga kula nyuwun pirsa kadiparan kawusananing yudanipun yayi Prabu Bogadenta, Bapa?”
Dh. Durna : "E... lole, lole, gembor monjor-monjor . .. mugi andadosna ing pamirsa Paduka Anak Prabu bilih rayi Paduka anak Prabu Bogadenta sampun kasambuting yuda, mengsah kaliyan pun Arjuna, kula nok non."
Pr. Suyudana : "E...e, ya jagad Dewa Bathara, teka yayi Prabu Bogadenta tan mangga puliha, Bapa, Ing mangka kados-kados kadigdayanipun sakalangkung-langkung, punapadene ginadhuhan pusaka sanjata rante ingkang boten wonten titah ing salumahing bumi sakurebing langit kawawa nadhahi, teka meksa kaprajaya dening yayi Arjuna. Lajeng kados pundi Bapa budidayanipun Bapa Senapati murih ungguling yuda?”
Dh. Durna : "Lha punika ingkang badhe kula aturaken! Kasantosaning Pandhawa punika estunipun dumunung wonten ing kekiyatanipun satriya kakalih, inggih punika pun Werkudara tuwin pun Janaka. Samangsa kakalihipun punika taksih kempal, taksih saged bantu-binantu, tangeh sagedipun Pandhawa kasoran. Mila saking kajengipun pun bapa, Werkudara kedah kapisahken saking Janaka.”
Pr. Suyudana : "Kados pundi, Bapa, sagedipun kasembadan misahaken adhimas Arjuna saking adhimas Werkudara ?”
Dh. Durna : "Kedah wonten caranipun piyambak. Pun bapa boten kasamaran, jer kakalihipun punika sami siswanipun pun bapa. Makaten Anak Prabu: Werkudara kedah tinantang lan sinumbaran kaajaka perang wonten ing tepining samodra ler. Rayi Paduka Janaka kedah katantang andon yuda ing pinggiring pareden kidul. Pun bapa wani nemtokaken bilih kakalihipun badhe minangkani panantanging mengsah wau, jer sakalih-kalihipun sirik lamun boten ngembarana mengsahipun.”
Pr. Suyudana : "Kaluhuran dhawuh Paduka Bapa Senapati. Lajeng sinten ingkang tinanggenah andon yuda kaliyan adhimas Janaka sarta sinten ingkang kedah ngajoni adhimas Werkudara.”
Dh. Durna : "Awit saking pamawasipun pun bapa ingkang saged nandhing! pun Arjuna punika rayi Paduka saking ing praja Kasapta, anak Prabu Gardhapati. Dene ingkang tinanggenah ayun-ayunan

32