Kaca:Mardi Jawi 3.pdf/30

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

B. Panganggone seselan um

1. Seselan um kang rinaketake ing lingga kang apurwa sastra (konsonan) mangkene:

Lingga Rinaketan um Andhahane
saji sumaji sumaji
rujak rumujak rumujak
singkir sumingkir sumingkir
jambak jumambak jumambak
ton tumon tumon

Goleka tuladha liyane nglima bae!


2. Seselan um kang renaketake ing tembung lingga kang apurwa swara (a,i,u,e,e,0), um karaketake ing ngarepe lingga, ing pakecapane tembung andharan u ora melu diucapake (dibuwang), kaya ta:

Lingga Rinaketan um Pakecapane
aju um + aju → umaju maju
inger um + inger → uminger minger
uluk um + uluk → umuluk muluk
enggok um + enggok → umenggok menggok
egar um + egar → umegar megar
obah um + obah → umobah mobah

Goleka tuladha liyane nglima bae!


3. Seselan um kang rinaketake ing tembung lingga kang apurwa swara w utawa p, seselan um karaketake ing ngarepe lingga, purwaning linggane luluh ing pakecapaning tembunge andhahan, u ora kaucapake (kabuwang), kaya ta:

28