Kaca:Mardi Jawi 3.pdf/115

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Adege monumen iku ora liya kanggo nenangi semangat perjuwangan.
  2. Pancen prastawa Palagan Ambarawa mau wigati banget.
  3. Ana ing altar Bangunan Pokok Monumen Palagan Ambarawa kono kacetha reca pepethane Letkol Isdiman_kang gugur ing pertempuran kasbut.
  4. Rikala samana "cocor-merah” kasil natoni atusan pendhudhuk, nanging pungkasane kasil ditembak tentara Republik.
  5. Tentara Sekutu keplayu, diuber nganti tekan Ungaran lan Semarang.

C. ISBAT

Isbat iku pepindhan kang isi pitutur jati.
Coba tuladha iki golekana potas ing ngisor !

  1. Kodhok ngemuli lenge
  2. Nangangsu apikulan warih = Amek geni adedamar.
  3. Warangka manjing curiga.

a. Wong kang golek ngelmu (maguru) kudu duwe pawitan = wani rekasa ora ngumbar hawa nafsu.
b. Jiwane manungsa kudu bisa ngereh agane.
c. Manunggaling jiwa lan raga.


D. SENGKALAN

Sengkalan iku pengetan cacahing taun kang arupa tetembungan utawa gambar. Mulane sengkalan iku ana warna loro

Sengkalan lamba

Yaitu pengetan cacahing taun kang arupa tetembungan.

Sengkalan memet

Yaitu pengetan cacahing taun kang arupa gambar.

Kang dirembug ing buku iku mligi sengkalan lamba, yaiku cacahing taun kang pinengetan nganago tetembungan. Kang lumrahe migunakake sengkalan iku wong-wong Jawa ing jaman kuna, Ing jaman saiki wis arang banget kang migunakake.

113