Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 2.pdf/82

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

  Kowe kabeh mesthine wis padha sumurup. Mangka, layang
  jangka Jaka Lodhang kuwi ditulis sadurunge taun 1900,
  amarga sugenge Sang Pujangga Ranggawaesita iku ing
 taun 1802 1874 (Masehi).

IV Kagunan basa

A.Apalna ing ngarep klas !

Parine wus kuning.

  Sumiliring angin gunung,
  Angelus wulening pari.
  Mentes isine tumiyung,
  Nggembyong lemu amranani.

  Parine wus kuning,
  Tinempuh ing Sang Hyang Bayu,
  Lerab-lerab lir ombak kang bening,
  Sengsem netra kang andulu.

  Keprungu panggusah seru,
  Anundhung emprit kang neba,
  Nucuki wulen kang lemu.
  Tan welas mring pra manungsa.

  Wulen ndingkluk asemu rikuh,
  Dhela maneh manggon ing lumbung,
  Pinethik ing tangan kukuh,
  Cukat trampil prawan gunung.

Rudj.

80