Kaca:Lintang Biru.pdf/33

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Wit Ombaking Katresnan

Wit ombaking katresnan ngombak kaku
Njoged — njoged kedamu angin
Nggoda pengin melu
Pancen dadi katresnan
Sapa wae kang nyawang

Ana cacing ing ngisormu
Ora ngowahi kaendahanmu
Malah saya pepak
Tambah paseduluranmu
Kang nguwatake oyotmu

Mikul Dhuwur, Mendhem Jero

Kabecikane wong tuwa kang tanpa upama
Ngorbanake jiwa raga, bandha lan tenaga
Bapa biyung kadhang nggitik, nggetak
Kuwi tandha tresna
Supaya anak dadi wong mulya
Ora nglirwakake pituture
Bisa nyimpen rapet wewadine

Kebak Swara

Kebak swara ana njaba
Kewan-kewan padha nembang,
Nentremake ati
Ngantukku dadi lali
Kaya aku didongengi

25