Kaca:Kridha Basa 2.pdf/88

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

IV. Wacanen kang patitis!

    Tamanku


Swara kumrosak tekaning udan,
lir rota-danawa krura,
tamanku rurah sinerang jawah,
angin tan kari, ambarung wani.

Pajar rahina tandya sun mara,
mring taman adi kudu ayun wrin,
manawa ana kang puspa wreksa,
ambruk tinerak ing punang angin,
gé-agé arsa sun benakena.

Kadya nemu emas sawukir,
uning kang taman sagebyar nétra,
datan rusak,
puspa warna éndah mranani,
nyebar ganda amrik awangi,
sun milang-milang lega ing ati.

Nanging ing pokok kana ...,
adhuh ..., melathiku ...,
tinemu ambruk lir tanpa daya,
atiku njola datan kanyana,
lamun melathi pepujan mami,
rinenggut wani déning prahara.

Kaya ngapa rempuning ati,
mitra bisa anggagapi,
barang kang dén keni-keni,
durung tutug dinarbénan,
temah angles angoncati.

Mula, o janma ...,
ywa sigra-sigra;
Lamun rumangsa begja kang slira,
bungah kepati lali ing dhiri,

82