Kaca:Kridha Basa 2.pdf/64

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Endi sing diarani uwong sing takwa marang Gusti Kang Murbèng Dumadi?
  2. Manungsa sing keplorot drajaté dadi asor-asoring titah kuwi manungsa sing kepriyé?

C. Wacanen sing patitis, tembung sing cap-capané kandel kedalna sing trep!

  1. Wong njaluk ngapura kuwi kudu lair batin. Ora kena lairé njaluk ngapura nanging batiné grundelan.
  2. Jamu iki pait. Paité ngungkuli bratawali.
  3. Penemuku lan penemumu wis bisa jumbuh. Jumbuhé penemuku lan penemumu kaya jumbuhé uyah lan asiné.
  4. Yèn disetiyari lan disuwun kanthi mantheng, panyuwuné mesthi kabul.

II. A. Ceceg-ceceg ing ngisor iki isènana tembung sing cocog sing cumawis
   ing sisih tengen!

  1. Menawi sepen ing ... saha dhangan ing penggalih, mangké dalu penjenengan kula suwun rawuh wonten ing gubug kula.
  2. Pangéram-éram utawa lelakon kang nyimpang saka kodrat marga panggawéning para nabi atas kersaning Pangéran minangka tandha bukti, jenengé ...
  3. Dongané..., kaidèn ing Gusti Allah.
  4. Wong sing kandel .... ora gampang ngresula lan nglokro.
  5. Wong sing imané kandel, tansah .... ing sajroné nandhang kasusahan.

a. mustajab

b. tawakal

c. imané

d. tangadur

e. mukjijat

B. Tembung-tembung ing ngisor iki gawénen ukara sing luwes!

  1. akrab
  2. akérat

59