Kaca:Kridha Basa 2.pdf/6

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Wulangan ka-1

I. A. Wacanen kang patitis!

Sinau


Agung : Mbak, Mbak, mbok aku diajari!
Asih : Diajari apa, Dhik?
Agung : Carané sinau. Bèn bijiku apik kaya bijiné Mbak Sih.
Asih : Genah bijimu ya wis apik ngono kok,
Agung : Mbok ora ngenyèk, Mbak. Mbak Sih rak ya ngerti ta, yèn bijiku pas-pasan. Kurang sethithik baé, aku ora munggah lho, Mbak.
Asih : Dadi, karepmu bèn bijimu luwih apik tinimbang sing uwis-uwis. Ngono pa piye?

1