Kaca:Kridha Basa 2.pdf/45

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Bakri didukani Pak Guru amarga konangan anggoné mbolos.
  2. Mangsakané bocah-bocah dikedhapi Bu Guru.
  3. Bulik gerah padharan, wis didhahari obat meksa durung dhangan.

 B. Ukara-ukara iki owahana nganggo basa ngoko alus!

  1. Bapak Mentri rena penggalihipun.
  2. Astanipun Bapak dipun entup kalajengking.
  3. Gerahipun Embah kirang langkung sampun wonten setunggal wulan
  4. Rawuhipun Bulik kala wingi sonten.
  5. Ibu ngagem kaca tingal cemeng amargi paningalipun gerah.
  6. Ngendikanipun Bulik wulan ngajeng mangké Bulik badhé rawuh ngriki malih.
  7. Kamus bahasa Inggris punika paringanipun Pak Guru minangka hadhiyah anggèn kula menang lomba ngarang.
  8. Saweg yuswa sèket kemawon, rékmanipun Bapak sampun nyambel wijèn.

VI. Tuladha:

  Pocung
  (guru lagu lan guru wilangané: 12u, 6a, 8i, 12u)

  Jembar nglangut Bengawan Swiluganggèku,
  agung tirtanira,
  arang kang wani nyabrangi,
  yèn raina tan kendhat janma kang malwa.

  Pan ing ngriku tumut kebawah praja gung,
  ing Nusakambangan,
  kacrita pambelah kalih,
  kang sajuga ran Mas Ngantèn Tirtayuda.

  Nora bagus Tirtayuda nanging besus,
  najan lagi nyatang,
  tan pisah pangilon cilik,
  dhéla-dhéla mbenakken mèrètanira.

40