Kaca:Kridha Basa 2.pdf/43

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Gamelanipun kalih prangkat, laras . . . lan laras . . . .
  2. Gangsa Sléndro lan Pélog ingkang laras gangsalipun sami inggilipun dipun wastani gangsa . . . .
  3. Minangka pratandha badhé gantos pathet, Ki Dhalang nglongkongaken . . . .
  4. Bukaning gendhing ingkang arupi sesekaran utawi klongkong dipun wastani . . . .
  5. . . . inggih punika bukaning gendhing ingkang namung mendhet sapéranganing sekar.
  6. Ngajengaken . . . , iramaning gendhing sansaya tamban.
  7. Ingkang sami nggérong sajakipun dèrèng apal . . . , pratandha taksih sami ngadhep cathetan.
  8. . . . lan pasindènipun sedaya bektanipun Ki Dhalang.
  9. Sapunika sampun awis tiyang bersih dhusun mawi nanggap . . . .
  1. ringgit
  2. cakepanipun
  3. niyaga
  4. suwuk
  5. buka (bawa) celuk
  6. bawa

  1. suluk pathetan
  2. gendhing
  3. pélog
  4. sléndro
  5. tumbuk gangsal

III. Tuladha:

Kula ningali réyog wonten ing alun-alun Lèr.
Kula : jejer
ningali : wasésa
réyog : lésan
wonten ing alun-alun Lèr : katrangan panggénan
A. Ukara-ukara iki udhalen kaya tuladha!

 # Aku nonton bal-balan ana ing setadhion.  # Sepuré mandheg ana ing setasiun.  # Bapak Ibu mriksani wayang wong ana ing Sriwedari.  # Ibu mriksakaké adhik ana ing Puskesmas.

 # Adhik nyèlèhaké bonékané ana ing ambèn.

38