Kaca:Kridha Basa 2.pdf/22

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

B. Apa pagawéané wong-wong ing ngisor iki!

  1. pandhé
  2. undhagi
  3. mranggi
  4. jlagra
  5. empu

  1. guru
  2. blantik
  3. dhalang
  4. niyaga
  5. blandhong

III. Tuladha:

Ing sajroning pasrawungan, uwong bisa nglairaké panemuné, lan uga bisa nyumurupi panemuné wong liya.

nglairaké = (a)ng + lair + aké
nyumurupi= (a)ny + sumurup+ i

A. Tembung-tembung sing ana ing sajroning kurung ing ngisor iki wènèhana ater-ater anuswara lan panambang aké, utawa ater-ater anuswara lan panambang i!

  1. Para jurnalis padha (kirim) warta marang tetuwaning redhaktur.
  2. Wataké satriya tama sirik (oncat) mungsuh.
  3. Aja kulina (rèmèh) penemune wong liya.
  4. Bulik kagungan kersa (sewindu) putrané ragil.
  5. Darmi menyang pasar (patri) manci.
  6. Jam lima ésuk Gandhung wis tangi, banjur (sapu) lataré.
  7. Sapa sing (bukak) lawang kowé mau bengi?
  8. Aku didhawuhi Pakdhé (kanca) Mas Bima tunggu omah.
  9. Sapa sing (suwèk) sarungku iki mau?
  10. Bubar dandan, Narsih banjur (dandan) adhiné.

B. Gawéa ukara nganggo tembung-tembung ing ngisor iki!

  1. nglungguhi
  2. ngusiri
  3. nglambèni
  4. mitungdinani
  5. ngresiki

  1. ngurupaké
  2. ngunggahaké
  3. ngandhangaké
  4. ndandakaké
  5. nyepèlèkaké

17