Kaca:Kridha Basa 2.pdf/16

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

B. Gawéa ukara nganggo tembung-tembung ing ngisor iki!

  1. mendhungé ngendhanu
  2. udané deres
  3. anginé sumiyut
  4. panasé sumelèt
  5. lemahé nela

III. Tuladha:

a. Tlaga Sarangan kuwi/amba.
Tlaga Sarangan kuwi = jejer
amba = wasésa (tembung kaanan)
b. Kaé/Gunung Lawu.
Kaé = jejer
Gunung Lawu = wasésa (tembung aran)
c. Putrané Bulik/loro.
Putrané Bulik = jejer
loro = wasésa (tembung wilangan)
d. Ibuné Ratih/kaé.
Ibuné Ratih = jejer
kaé = wasésa (tembung sésulih panuduh)

A. Ukara-ukara iki udhalen lan terangna kaya tuladha ing dhuwur!

  1. Bapak kula pulisi.
  2. Ibu kula guru.
  3. Toyanipun bening.
  4. Redi Lawu punika inggil.
  5. Buku kula punika.
  6. Bukunipun Kholil kathah.
  7. Maésanipun Pakdhé gangsal.
  8. Sitinipun loh.

11