Kaca:Kridha Basa 2.pdf/14

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Minggu, akèh wong padha langèn ana ing Taman Tirta. Yèn wis katog anggoné padha lelangèn, yèn kepéngin memangan ing Ngerong uga ana rèstorané. Sing kepéngin nginep, ing kono uga disedhiyani hotèl utawa omah panginepan.

Sarangan kuwi hawané adhem, nanging ora nganti njekut. Mula, cocog banget kanggo papan palancongan utawa papan patirahan, ora béda karo Pacet, Trètès, Tawangmangu, Baturadèn, lan Puncak.

Tlaga Sarangan kuwi jeroné watara 30 meter, banyuné anyep kaya ès. Mula, ora kena kanggo adus utawa kanggo langèn. Sing kepéngin seneng-seneng, ing tlaga disedhiyani prau séwan cilik-cilik manéka warna. Sing ora wani praon ora perlu kuwatir. Ing kono para palancong bisa ngemataké éndahing sesawangan karo mlaku-mlaku utawa nunggang jaran liwat dalan sing ngupengi tlaga sing dawané watara 3 kilometer.

Tlaga Sarangan kuwi banyuné ora tau asat. Mangsa ketiga lan mangsa rendheng banyune ajeg agung, kimplah-kimplah bening biru maya-maya. Sababé ora liya déné alas ing sakiwa tengené tlaga kuwi kopen banget, ora dicecamah ing tangan-tangan nggrathil, tangane wong-wong sing ora tanggung jawab marang lestarining alam.

Alas ing sakiwa-tengené Tlaga Sarangan kuwi saliyané ngayomi tandon banyu tuking Tlaga Sarangan, uga muwuhi segering hawa ing papan kono. Kajaba saka kuwi, sarèhné ajeg ditata lan diupakara, alas mau uga ngimbuhi asri lan éndahing sesawangan.


B. Wangsulana kang patitis!

  1. Tlaga Sarangan kuwi dunungé ana ngendi?
  2. Pira dhuwuré Tlaga Sarangan saka lumahing segara?
  3. Généya tumpakan gedhé saka Mediyun menyang Tlaga Sarangan kudu mandheg ana ing Ngerong?
  4. Généya Tlaga Sarangan ketiga rendheng banyune ora tau asat?
  5. Apa sing bisa ngimbuhi éndahé Tlaga Sarangan?

9