Kaca:Kridha Basa 2.pdf/11

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

V. Tuladha:

    a. Jayus dipun dukani Pak Guru amargi boten numpuk PR. (ukara krama alus)
    b. Jayus didukani Pak Guru amarga ora numpuk PR. (ukara ngoko alus)

A. 'Ukara-ukara krama alus ing ngisor iki owahana dadi ngoko alus!

  1. Agung dipun pundhutaken Pakdhé sepatu rodha.
  2. Dhik Andri dipun timbali Bulik. dipun paringi angsal-angsal.
  3. Mas Langgeng dipun dangu Budhé prekawis sératipun Mbak Anggit.
  4. Griyanipun Lik Landhung, pekawisan. lan rajakayanipun. sedaya dipun pundhut Bapak.
  5. Ibu mundhut durèn, badhé dipun caosaken Bu Camat.
  6. Dhuwungipun Pakdhé dipun agem Bapak.
  7. Titihanipun Bapak dipun pundhut ngampil Pakdhé.
  8. Coklat susunipun dipun unjuk Budhé, kopinipun dipun unjuk Pakdhé.
  9. Kula dipun timbali Embah, dipun ngendikani kathah-kathah bab anggèn kula badhé nglajengaken sinau dhateng manca negari.

B. Gawea ukara krama alus utawa ngoko alus, nganggo tembung-tembung ing ngisor iki!

  1. dipun midhangetaken
  2. dimidhangetaké
  3. dipun ngendikakaken
  4. dingendikakaké
  5. dipun dhèrèkaken
  6. didhèrèkaké
  7. dipun dhawuhaken
  8. didhawuhaké
  9. dipun paringaken
  10. diparingaké

6