Kaca:Kridha Basa 1.pdf/54

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

III. Wetuning gagasan iku ana kang ngemu surasa asung pawarta, ana kang takon, ana kang surasané akon, ana kang isi pamenging, ana kang isiné pangandhé-andhé. Dadi, ana ukara andharan, ana ukara pitakon, ana ukara pakon, ana ukara pamenggak (pamenging) ana ukara pangandhé-andhé.


A. Ukara-ukara ing ngisor iki klebu éwoné ukara sing endi?

  1. Letnan Jendral Akhmad Yani winisudha dadi Pahlawan Revolusi.
  2. Sawisé séda, pangkaté Letnan Jendral Akhmad Yani munggah dadi apa?
  3. Terusna perjuwangané Jendral Akhmad Yani!
  4. Aja padha tiru trékahé G 30 S/PKI!
  5. Saiba bungahé penggalihé Letnan Jendral Akhmad Yani yèn bisa nguningani wohing pengorbanane.


B. Ukara-ukara iki rampungna!

1. Ukara andharan:
 Akhmad Yani muntab amarga...

2. Ukara pitakon:
 Généya...?

3. Ukara pakon:
 Adhimu banjur ...!

4. Ukara pamenggak:
 Aja..., Bapak lagi saré!

5.Ukara pangandhé-andhé:
 Iba bungahku yèn....


C. Tembung-tembung ing ngisor iki gawénen ukara sing trep!

  1. dakgoncèngaké (ukara andharan)
  2. dakgoncèngaké (ukara pitakon)
  3. koampiri (ukara pamenging)
  4. ampirana (ukara pakon)
  5. gelema dakgoncengaké (ukara pangandhé-andhe)

49