Menyang kontèn

Kaca:Kridha Basa 1.pdf/46

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
5. a. pandung=kramané pangling
b. pandung=kramané maling
6. a. ajar=nggeulang (sinau) supaya bisa
b. ajar=pandhita tapa
7. a. dibubuti(di + bubut + i) = didudut lan dibedhol (tumrap suket, rambut, jenggot lan sapanunggalané)
b. dibubuti(di + bubut ) = dilus lan diwangun sarana diubengaké serta disisrik (tumrap kayu, wesi lan sapanunggalané)
8. a. kalong=suda sethithik (marga dijupuk, dianggo lan sapanunggalané)
b. kalong=bangsané lawa
9. a. kanji=wis ora wani manèh
b. kanji=jur-juran pathi kanggo nyekuli klambi lan sapanunggalané
10. a. kedalon=kematengan
b. kedalon=kewengèn

III. Tuladha:

Ana angin midid. (ukara lamba)
Memedi sawah obah mayug-mayug. (ukara lamba)
Ana angin midid, memedi sawah obah mayug-mayug. (ukara camboran)
Memedi sawah obah mayug-mayug amarga ana angin midid. (ukara camboran)
Gandhèngé ukara lamba karo ukara lamba dadi ukara camboran, ana kalané mawa tembung panggadhèng, ana kalané ora.

A. Ukara-ukra lamba ing ngisor iki dadèkna ukara camboran!

1.Aku sinau.
Ibu maos koran.
2.Bèbèkè Dira satus.
Bèbèkku selawé
3.Bapak gerah waos
Sawengi natas Bapak ora saged saré

41