Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/60

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

Divara Hana Vania

Kanggo Kowe

Aja mbesengut
Urip ki pancen ngene
Ana seneng, ana susah
Yen kowe mbesengut, dadi tambah susah

Coba saiki kowe mesem
Aja sedhih
Saiki aku malah wis lali,
Kapan biyen anggonku weruh kowe ngguyu

Yen donya iki nggawe kowe edan
Lan kowe wis nglakoni kabeh sing bisa koklakoni
Aja sumelang, aja bingung
Undanga aku wae
Merga aku bakal ana kanggo kowe

Antologi Geguritan, Esai, Cerkak Bulan Bahasa dan Sastra

47