Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/48

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

Pramesti Mutiara Agni Pamari

Ora Wutuh

Jare, aku iki sepele
Dibandhingke karo liyane
Aku, banget bedane
Malah kadhang kerep diece

Aku pancen cendhak
Lemah ora kapidak
Langit ora candhak

Nanging elinga
Gegayuhanku iki dhuwur
Pangimpenku wus mbleber mabur
Ngenteni mangsa tumeka Kabul

Aku precaya
Kanthi sangu donga upaya
Kabeh bisa dak rengkuh
Senajan ora wutuh

Antologi Geguritan, Esai, Cerkak Bulan Bahasa dan Sastra

35