Aku kerep ora ngerti ngapa, kok, sekolahku ki, ketoke ora pengen maju-maju. Ming gedhe omongane thok, endi sing sing arep ngembangake fasilitas teknologi informasi, ning lab komputere ora isa dienggo. Trus isih akeh guru kang ora niyatmulang. Luweh, atiku judheg.
Tangal 02 Juli 2007, ing ngarep tivi, wis neng dhuwur kasur ning isih krasa adhem. Sedilit maneh bakal ana ujian akhir semester, rasane pendhak dina tambah abot wae garapane. Tugas-tugas akhir semester, kaya gawe laporan wawancara, gawe presentasi seni rupa, gawe laporan koperasi, karangan basa jawa lan basa Inggris, lan tugas-tugas angel liyane sing kudu ditumpuk paling telat minggu iki, terus minggu ngarep ujian akhir semester dileksanake, durung maneh ana tes pertukaran pelajar ning Australia. Mula aku latiyan karawitan, sapa ngerti bisa tak anggo sangu menyang Australia, Wong tuwaku nyengkuyung banget program kuwi.
Tanggal 09 Agustus 2007, uian terakhir, Matematika sing angele ora jamak "Heh, sst, Dina! Sst, mrene, Din!" Bowo ngundang pengin golek contonan. Nanging, pancen dudu bejane Bowo. Dheweke konangan karo guru pengawas. Banjur, Bowodikon metu saka kelas.
13 Agustus 2007, ing ruang gawat darurat Omah Sakit Sardjito, lebar maghrib.
“Jantunge mundhak suwe mundhak alon, Piye, arep dipacu, ora?" pitakone salah perawat kanthi ngematke cardiograph sing garise mundhak alon lan lurus. "Pacu jantung," prentahing dhoktere, Dhokter wedok mau banjur mlaku ing sisih kiwa, siap-siap macu jantunge pasiene.
"Siap..;<65i Yak!!!" dhoktere maringi tanda. Awak pasien mau klojotan kaping telu. Tandha garis ijo ing cardiograph wis nuduhake menawa pasien mau isih urip. Ora ana sing kenal karo pasien mau. Cah wedok sing sajane ayu, ning awake wis ora rupa, balunge akeh kang tugel, kulite sing putih wis kebak getih. Umure udakara pitulas taun.bocah mau ketabrak trek confriner. Motore wis ora rupa. Handphone lan taseembuhana ngendhi.
Wektu iku, Nilam clingak-clinguk mlaku ngalor ngidul ing ngarep ruang gawat darurat. Ibune sing ditunggu ora njedul-njedul. Kepara, dheweke arep ana les tari susulan lan njaluk diterke. Nilam ora sabar. Dheweke mlebu ing ruang gawat darurat arep nggoleki ibune sing dadi dhokter. Nilam ngeri ndelok para pasien lan maneka jinis penyakite.