Kaca:Kidung Megatruh.pdf/70

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

sholat sanajan dede wekdalipun sholat. Bibar sholat, Pak Karmo ketingal langkung tentrem manahipun. Kula kaget. Kula mboten nyana menawi sholat menika manfaatipun ageng sanget. Nanging wekdal menika kula tetep kukuh, kula gengsi menawi kedah ngalmpahi sholat.”

“Pak Karmo tetep kukuh ngajak kula sholat lan ngaji, nanging kula ugi tetep kukuh mboten purun, mboten onten ginanipun lan namung mbucal wekdal. Bayu leren sedela, ngombe wedangesing disuguh Bu Rini.

“Pak Karmo ngendika menawi awakipun piyambak dhewe gadhah kekajengan kedah onten prosesipun, mboten saged ujug-ujug kaleksanan. Sejatosipun menika caranipun Gusti Allah nguji kesabaran manah kita. Mepana awakipun piyambak tetep eling marang Gusti Allah utawi malah tambah tebih.”

“Pak Karmo kathah sanget maringi kula pitutur. “Mula ngandhani, kowe saiki tobata, nyuwun pangapura marang Gusti Allah, nyuwun diparingi gampang, nyuwun diparingi sabar. Lan kowe janji aja mbaleni maneh kesalahanmu sing mbiyen tau mbok lakoni.”

“Aku ora meksa, aku seneng yen kowe gelem sadar. Ibadah kuwi kudu ana niyat kang becik, manteb, lan uga kudu amarga kesadaran ora amarga dakpeksa utawa sapa sing meksa. Tugasku mung nyadarke kowe, cah enom. Uripmu isih dhawa, ora becik yen kowe gawe ala kaya ngana wingi.”

“Sabanjure, aku njaluk ngapura yen aku duwesalah. Yen aku kerep ngejak-ngejak kowe, kamangka kowe wis mangkel. Tak dongake kowe cepet bebas. Muga-muga buku kuwi bisa nulungi kowe. Cepeta tobat, yo Le. Ojo lali marang wong tuwa iki. Muga-muga awake dhewe bisa ketemu maneh ing wektu kang luwih apik. Ojo gampang pupus atimu. Ojo lali donga. Saiki wis wektuku kanggo bebas. Paukumanku wis rampung. Sesuk esukaku arep metu saka pakunjaran iki. Wis yo, assalamualaikum.”

“Sepisanan kula remen sampun mboten wonten ingkang ngganggu kula ngajak-ngajak sholat. Nanging kula kasepen, kula kangen kaliyan swantenipun Pak Karmo. Lajeng kula nyobi mbikak buku paringan saking Pak Karmo. Sepisanan kula males, ukaranipun angel banget. Nanging kula tetep nyobi. Kula sampun mboten tahan ing nglebet pakunjaran. Kula kepingin bebas.