“Pak pak! Kula badhe nyuwunpirsa, Ibu kang kecopetan wau, samenika wonten pundi nggih?” pitakone Pak Widodo karo nyandhet salah sijining wong ing pasar mau.
“Oowonten mrika pak. Wonten menapa nggih?”
“Ibu wau kedah nderek dateng kantor polisi maringi kaseksen kanggelaporan.”
“Oomangga kula dherekaken.”
“Maturnuwun, Pak.”
Banjur Pak Widodo lan kanca-kanca didherekake sagwijining bapak kang nganggo topi ijo nggoleki Ibu kang kecopetan mau. Rada suwe anggone ngoleki mubeng pasar amarga ibu mau wis mlaku blanja maneh, Wusanane ketemu.
“Nyuwun sewu, Bu. Kula lan kanca-kanca saking kepolisian. Ibu kula suwun nderek dateng kantor polisi paring kaseksen kanggelaporan.” Ibu mau katon banget yen wedi lan bingung, amarga isih shock bubar kecopetan. Sajake pak Polisi mau ngerti yen Ibu mau wedi.
“Mboten napa-napa, Bu. Ibu mboten ditahan, Ibu namung perlu paring kesaksian ing kantor polisi. Ibu-Ibu mau manthuk-manthuk, tanda ngerti.
Sawise menehi kaseksen, Ibu mau metu saka kantor polisi. Ibu mau umure kira-kira 45 taun, asmane Bu Rini. Bu Rini isih katon pucet nanging wis ora kaya mau. Sajake Bu Rini isih wedi aja-aja ana sing arep nyopet meneh, ketok saka carane ndeleng dalan ing sakiwa-tengene, Tas blanja lan dompete digegem kenceng.
Copet mau wusanane ditahan ing kantor polisi, dheweke wis ora suwala maneh amarga ana kaseksen saka Bu Rini. Copet mau duwe inisial By, umure 19 taun, lan wis suwe dadi buron polisi amarga bola-bali nyopet. Asiling nyopet mesthi dienggo ngombe minuman keras. By digiring menyang kantor polisi Pusa.tdhewekediadili lan ditahan sangang sasi lawase.
Ora krasa sangang sasi wis lumaku. Sawijining dina ing Malioboro anabis kota liwat.
“Minal... minal... terminal mas? Sik sik. . .!!! yo!” Ana nom-noman sing lagi wae munggah. Dheweke bingung,