LELUMBAN ING SAMUDRANING ATI Cindy Ayu Wandari
Jenengku Tomi cah asli Jogya. Biyen wektu isih sekolah aku duwe pacar. Pacarku jenenge Cintya. Aku lan Cintya kenal wis suwe amarga sak kelas, dadi aku ngerti sipate Cintya. Sasuwene pacaran, udakara rong taun, pelajaran sekolahku dadi keteteran, Sawijining dina, aku dikandhani kancaku menawa Cintya boncengan karo wong lanang.
“Tom, aku mau ketemu karo, Cintya,” jare kancaku.
“Kowe ketemu nengendi, terus karo sapa?” pitakonku.
“Karo wong lanang. Aku ya ora kenal,” wangsulane kancaku. Sawise ngobrol akeh karo kancaku, Cintya telpon aku.
“Hallo.” “Tom, koweneng endi?” “Akunengomah. Kowe wingi neng endi?”
Cintya kaget daktakoni “Wingi neng endi.” Terus Cintya nylamur omongan. Dina candhake aku wis ora gelem maneh sesambungan karo dheweke, pedhot. Cyntia wis ora jujur marang aku. Saiki akus wis ora duwe pacar. Aku ora arep mikirke pacaran dhisik. Aku pengen Bapak lan Ibuku seneng. Bapak lang Ibuku pengen supaya aku lulus lan bijine apik.
Sawise ujian aku lan kanca-kancaku pada deg-degan nunggu pengumuman. Sawise nunggu rong Minggu, aku lan kancaku dinyatakake lulus kanthi biji kang apik. Nanging Tia, kancaku ora lulus. Aku sakanca banjur nglipur dheweke.
“Tik, wis rasah nangis. Mbokmenawa ana dalan sing luwih apik kanggo kowe,” panglipurku.” Aku sedih amerga ora lulus, aku wedi karo wong tuwaku.” “Yo wes. Sabar wae!” wangsulanku.
Dina-dina candhake, aku ndaftar lan ketampa mlebu SMA Negeri neng kuthaku. Ing sekolahan, aku cedhak karo bocah wadon jenenge Santi. Eseme lan rupane wis bisa gawe lumbering atiku. Saya suwe, aku lan Santi tambah cedhak. Saben-saben aku ngeterke dheweke bali sekolah. Seneng banget rasaning atiku, kepara aku wis ditepungke karo wong tuwane sing grapyak semanak.