“Pak, kulanyuwun tulung saged boten?”
“Wonten napa nggih, Mas?”
“Njenengan saged ngeterke kula teng griyane sedulur kula mboten? Kula niki boten ngertos tlatah ngriki, je. Mboten apal,” kandhane wong iku sinambi nuduhake kertas kang isine dhenah.
Tanpa rasa cubriya, Pak Tomo saguh ngeterake wong iku ing papan kang dituju. Bareng wis wetara suwe, kok ora tekan-tekan ing papan kang dituju. Pangrasane Pak Tomo malah mung mubeng-mubeng. Sakjane, Pak Tomo wis ngrasa yen ana kang ora beres. Ananging Pak Tomo meneng wae.
“Taksih tebih Mas, griyane?” pitakone Pak Tomo. “Taksih, Pak.”
Pak Tomo meneng maneh. Sawise tekan papan kang sepi, wong iku ngetokake parang, lan dipenetke ing gulune Pak Tomo. Pak Tomo kaget lan wedi.
“Anaapaki?” “Wis meneng wae, aja nglawan aku! Saiki mandheg!”
Pak Tomo ngendhegake montore ing pinggir dalan. Dheweke mudhun amarga dipeksa karo wong iku. Wong kuwi arep nggawa motore Pak Tomo. Nanging Pak Tomo nyaut, nggendholi tangane wong mau. Tangane Pak Tomo disabet nganggo parang, nganti getihe mancur tekan ngendi-endi. Pak Tomo ora duwe daya maneh. Lemes banget, ndheprok. Wong mau wusanane bisa nggawa mlayu montore. Ngerti montore digawa mlayu, Pak Tomo ngoyak wong iku lan bengok-bengok njaluk tulung sinambi nyekeli tangane sing gubras getih.
“Tulung....tuluuuuuuuuung...!!” bengokane Pak Tomo memelas,
Ora ana wong babar pisan kang krungu, apamaneh nulungi. Ora letsuwe, sasuwene wong sing nggondhol montor mau wisrada adoh, wong- wong lagi padha teka nulungi Pak Tomo. Ore let suwe, Pak Tomo semaput. Getihewis kemocor tekan ngendi-endi. Wong-wong kang padha teka banjur nggawa Pak Tomo nyang omah sakit sacedhak kono.
Tekane omah sakit Pak Tomo dilebokke UGD. Kahanane nemen banget. Salah sijining wong kang nulungi Pak Tomo mau nggawa jakete Pak Tomo kang isi dompet. Ing dompet iku ana KTP-ne Pak Tomo. Wong kang nulungi Pak Tomo iku terus ngandhani keluwargane Pak Tomo. Tekan ngarep ngomahe Pak Tomo, wongiku banjur ndhodhog lawang.
“Kulanuwun!”