Menyang kontèn

Kaca:Kidung Megatruh.pdf/25

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

“Pun dangu kok kula dereng ditimbali nggih, Pak?” pitakone PakTomo marang Pak Wajiman. “Nggih ditengga rumiyin. Kula wau nggih nenggo dangu sanget. Kula ngantrine pun wiwit jam pitu wau.”

Pak Tomo mung manggut-manggut. Batine wis ora kepenak. Bola- bali Pak Tomo ndeleng jam tangane. Dinane wis saya awan. Marga wis kesuwen anggone nunggoni lan ngancani Pak Tomo, Pak Wajiman nedha pamit mulih.

“Nggih pun, kula ngrumiyini, “pamite Pak Wajiman.“Ooo...nggih, dherekaken! Matur nuwun, Pak. Dikancani. Ngatos-atos!”“Nggih, maturnuwun ugi!”

Pak Wajiman banjur metu saka kantor koperasi iku, njupuk pit montore ing penitipan. Pak Tomo saya suwe saya kuwatir. Wektu wis nuduhake jam sanga luwih patang puluh sanga menit. Ananging isih ana waong pitu sing durung diladeni. Pak Tomo katon ora jenjem. Dheweke njenggiratngadeg arep takon marang penguruse.

“Mbak, niki taksih dangu boten nggih?” pitakone Pak Tomo rada sora. “Sekedhap, Pak.”

Pak Tomo lungguh maneh. Marga nunggu kesuwen, awake Pak Tomo tambah pating greges lan ora kepenak. Dhasare mau esuk awake wis mada ora kepenak.

“Dhuh...tobat tenan. Kok ya ora gek cak-cek,” batine Pak Tomo nggrundel. Pak Tomo malah laku mrana-mrene sisan nunggu gilirane. Nanging dhasar Pak Tomo wis ora sabar nunggu, dheweke langsung nyeseg, barisane wong-wong kang ana ing ngarep. Wong-wong ing baris ngarep iku padha muni-muni amarga ora trima yen Pak Tomo nyrubut.

“Ampun ngaten niku, Pak! Antri rumiyin!”

“Kula namung ajeng tanglet, kok,” wangsulane Pak Tomo mbela awake dhewe. Bareng rumangsa ora kepenak karo wong-wong, Pak Tomo mundur. Pak Tomo trima meneng wae tinimbang dipisuhi wong akeh.

Ora krasa wis seprapat jam Pak Tomo nunggu. Isih ana wong loro maneh sing durung diladeni. Ora let suwe, Pak Tomo diundang jenenge dening penguruse.

“PakTomo....!” “Nggih, kula!”