Menyang kontèn

Kaca:Kidung Megatruh.pdf/14

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

SEWUNGKUS ROTI CILIK Yessi Martha Sari

Awan-awan jam 2, aku lungguh dhewe ing kursi taman cedhak blumbang sekolahku. Sepi banget amarga kabeh bocah lan puru wis padha bali. Aku dhewe durung gelem bali amarga aku lagi kepengen crita karo iwak-iwak ing blumbang sangarepku ngenani gegayuhanku.

“Wak, Iwak, telung sasi kepungkur aku melu tes seleksi kanggo mlebu MIT University. Aku deg-degan banget, je. Satenaneaku pancen duwe angen-angen bisa kuliah ing Amerika wiwit aku SD”. Iwak mung megap- megap wae, kaya-kaya dheweke ngerti apa sing dakcritakake, Sanajan mengkono aku seneng wis bisa ngetokake uneg-uneging atiku. Nalika aku lagingalamun, dumadakan ana wong bengak-bengok.

“Nduk, kowe ketampa! Syukur marang Gusti, lha jebul kowe ketampa!” keprungu swarane guruku Bu Rani saka mburi rada adoh, Aku kaget banget, jebul isih ana wong ing sekolah. Dakkira wis ora ana wong. Nalika krungu swara mau, aku ora mudeng Bu Rani mbengoki sapa. Thingak-thinguk aku ora weruh wong sakliyane aku lan Bu Rani. Jebul Bu Rani mbengoki karo aku, ngabari menawa aku lolos seleksi kanggo beasiswa ing MITUniversity Amerika Serikat.

“Inggih napa, Bu. Ibu mangertos saking pundi?” pitakonku mbalesi saka adoh. “Saka Dinas Pendidikan Kota Wonosari” wangsulane Bu Rani karo mbengok. Aku bungah banget amarga sing dakkarepake bakal kasil. Aku nyedhaki lan ngrangkul Bu Rani kenceng banget.

“Matur nuwun nggih, Bu. Kula syukur sanget marang Gusti Ingkang Maha Kuwaos.”

Nanging ora mung aku sing lolos seleksi, Sutris, Bejo, Suti, lan Bayu uga katut. Aku lan kanca-kancaku diwenehi penghargaan amarga dadi bocah saka kutha Wonosari, kabupaten Gunung Kidul sing bisa dadi mahasiswa ing MIT Amerika Serikat, Banjur aku pamit karo Bu Rani lan kandha karo iwak-iwak, “Wak, aku ketampa wak! Aku arep kuliah menyang Amerika! Wis, ya, aku bali ndhisik.”

Sawise pamit karo iwak-iwak, aku cepet-cepet mlayu bali. Satekane nang omah, aku mlebu karo menggeh-menggeh, “Mbok, simbok!!! Kula ketampi!”

Atiku bungah banget, nanging simbok kang lagi nguleg lombok