Kaca:Isih Ana Kaelokan.pdf/6

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

 "Mung ana ndonya thok?" panggodhaku.
 "Ah, jeng Magda rak ya ngerti tą, yen kanggone umat Kristen, jėjodhowan mono ora bisa dipedhotake dening apa bae."
 "Hm, panjenengan kesupen yen aku dudu wong Kristen?"
 "Ora sah goroh ta, wong dina nalika jeng Magda dibaptis kae, aku ya ngerti kok, senajan aku kepeksa ora bisa ngestreni."
 Aku ora mangsuli. Sawise patemon sawetara jam suwene, lan wis krungu kabeh crita kang tak antu2 saben dinane, thukul gagasanku genti arep mbebeda; idhep2 nagih anakan nalika dheweke ora saguh mitulungi aku ing jaman semana. Drijiku uwat uwet dolanan pucuking taplak meja. Mripatku nyawang drijine kang isih tetep kothong. Kudune biyen ali2 kanthi ukiran jenengku wis tumlesep ana kono.
 "Saiki aku wis ora kepengini omah² kok mas," wangsulanku lirih, "lan aku wis krasan ana keno."
 "Yen ngono jeng Magda ora mesakake aku?"Penyawange nembus jantungku. Aku mesem kemba. Esem kebak pangece. Telung taun kepungkur. Aku nangis kekejer ana ing ngarepe njaluk supaya diwelasi. Saiki dheweke kembeng2 eluh, ngrerapu lunturing sihku. Donya pancen kebak kaelokan. Aku nglirik jam tanganku, meh jam sanga. Sedhela maneh bakal keprungu bel, tandha tamu² kudu metu saka asrama. Mula aku nuli kandha: "Jam terima tamu wis meh entek. Saiki panjenengan kondur bae luwih dhisik, lan aku arep nyaosi keputusan suk malem Minggu iki."
 "Dadi isih telung dina engkas, apa ora bisa sesuk sore ta jeng?"

 "Kok nganyang," batinku. Aku mung mesem, lan banjur ngadeg. Dheweke melu ngadeg, lan nyandhak tangan kang

-5-