Aku anyel banget yen kanca2 ku ngundang aku Trinil,
kang kerep2e dicekak Nil ngono bae. Aku mesthi banjur
kelingan bocah wadon kang gawene adol pecel lan mesthi
liwat sangareping omahku; rambute brintik, kulite ireng
mbesisik, kathik bocahe cendhek pisan.
Wis meh telung taun ora ana wong ngundang aku Trinil.
Nanging saiki, pemudha sing lungguh ana ngarepku, sing
telung taun kepungkur tak tanting katresnane, kandha:
"Priye Nil, kok penggalih ora panyuwunku?"
Telung taun pepisahan, ora akeh owah² an kang dak
sumurupi. Rambute ireng ngandhan andhan; irung, mripat
lan bathuk "potongan Yunani" jare kanca2 ku. Kejaba umure
kang tambah, eseme lan carane nyawang aku, isih ajeg kaya
biyen.
"Priye Nil?" pitakone maneh.
"Jenengku Magdalena," wangsulanku cekak.
"Ah hiya, aku kok lali." Dheweke mesem. "Asma kang cocok banget karo sing kagungan; Magdalena Tri Widati. Banjur aku kudu ngaturi kepriye? Jeng Magda apa Jeng
Lena?"
"Sakersa. Kanca² kene ngundang aku Magda."
"Ya wis aku melu rombongan kang akeh bae. Nah, jeng Magda, saiki wangsulana pitakonku."
"Apa?" aku tambuh.
Dheweke unjal ambegan, mbuwang rasa gregeten. Tangane nduduti alis kang ora dosa; nanging isih nyoba mesem: "Jeng, olehku ke-raya2 mrene kuwi mung saperlu nyuwun
sih kawelasan; kersoa sliramu ngancani aku urip ana ndonya iki."