Kaca:Het boek Adji Såkå.pdf/18

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

jisaka pitakén : raka i jengandika Kyai Patih punapa boten apuputra, Nyai Rondha amangsuli, inggih, gadhah satunggil nanging éstri, kala tilaripun ingkang rama saweg suson, kula gadhah panantun, manawi parêng : sapéyan kula aken anak, anak kula éstri sapéyan aken sadhérék eném supados sampun ngantos ontang-nganting, Ajisaka amangsuli : sumongga.

Nyai Rondha lajeng nyeluk ingkang putra, dipun purih medal, panyelukipun : rara : mrénéya, iki sadulurmu lanang lagi teka saka ing anglalana, Dewi Rarasathi lajeng dandos wewah ayunipun saking karêngga ing panganggé, anunten medal kalih anyangking pakinangan, sarêng sampun kaselehaken  lenggah alingan ingkang ibu. Nyai Rondha wicanten : iku kakangngamu dhéwé, kalané isih cilik anglalana, lagi teka saiki, marata : sapanen, Dewi Rarasathi lingsem sanget dangu kéndel kémawon, yén sampuna ajrih  dhateng ing ibu, kados boten purun nyapa. Dangu-dangu kawedal wicantenanipun alirih, sampéyan kaaturan prembagé : kakang, ingkang saweg rawuh, Ajisaka kumesar ing manah, agugup sahuripun, nuwun adhi, Nyai Rondha gumujeng, apitaké dhateng Ajisaka, katon apa adhimu, Ajisaka amangsuli, panyana kula  Déwi Supraba tedhak anyapa dhateng ku