Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/84

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

lumayan, pikire Martedja, yen kaos bisa diedol Rp25.000,00, topi Rp5.000,00 lan jaket Rp37.500,00 mung kari ngetung wae bathine. Kamangka cacahe karyawan ana perusahaan kuwi 400, lan sing melu tour biasane watara separo dhewe, sebab ana karyawan sing trima ora melu tour sebab manfaatake liburan iki kanggo mulih kampung utawa kanggo keperluwana keluwarga liyane, lha priye maneh wong tour iki khusus kanggo karyawan wae, lire ora entuk nggawa anak utawa bojone. Angkahe Martedja, kanggone sing duwe dhuwit bisa tuku komplit, sing cupet dhuwite bisa mung tuku topi utawa kaose wae. Dheweke meneng-meneng mesem dhewe ngetung bebathen sing bakal dikeruk mengko.

Lagi esuke dheweke ngadhep marang Manager Personalia, karepe mono njaluk palilah kanggo nglakokake bisnise iki.

“Yen miturut aku, ya apik kuwi, Pak, ning becike ya diserahake marang para peserta, aja nganti bab iki dadi peksan,” jawabe Pak Margono sing minangka Manager Personalia menehi palilah ing bab iki.

“Nggih, Pak. Angkah kula rak nggih makaten, ingkang kagungan dana kathah saged tumbas komplit, ingkang cupet inggih saged tumbas kaos napa topinipun mawon, utawa mboten babar pisan nggih mboten napa-napa, lha wong namine mboten wajib utawa peksan,” jawabe Martedja manteb.

“Lha terus motif utawa rancangane kudu dilaporake dhisik, aja nganti ana tulisan utawa gambar sablonan sing nuwuhake gendra, kelire uga dipilih sing ora makili kelir sawijining parpol utawa organisasi liyane,” Pak Margana nerangake.

“Nggih Pak, mbenjing badhe kula beta mriki contonipun mbok bilih sampun rampung.”

Sawise Pak Margana menehi sasmita enggal wae Martedja ninggalake mejane. Atine surak-surak, jejogedan kaya ketiban emas sa-glugu. Minangka modhal, tabungane ana bank sing ora sepiroa cacahe dijupuk kabeh, isih adol TV lan nglorod kalunge bojone. Saka kesengsem motif sablonan lan kelir sing ditawakake dening Martedja, sing padha tuku kaos, jaket, lan topi akeh banget. Saiki Martedja dadi sibuk banget, saben wektu istirahat banjur keliling menyang departemen-departemen liyane kanggo nawakake dagangan, maklum ing jam kerja dilarang kluyuran utawa nindakake bisnis sing ora ana hubungane klawan panggaweyan, gek kamnagka ing perusahaan iki kabagi-bagi dadi watara pitung departemen.

Sawise ditotal, kanthi mesam-mesem, Martedja bisa mbayangake bebathen sing bakal dikeruk, 235 topi, 190 kaos, lan 70 jaket, angka-angka kuwi isih bisa tambah, ngelingi saiki isih tanggal 20 Juli. Untunge wae modhale cukup, sebab miturut perjanjen dhuwit bakal dibayar mbesuk

bubar gajian tanggal 31 Agustus. Sing ketiban rejeki ora mung Martedja

Cerita Pondok Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

71