Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/410

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Angin teluk tumiyup tansaya kekes, bareng swara gebyar-gebyuring ombak segara nabraki tembok dhermaga. Ing brang wetan langit katon semburat kuning, pratandha rembulan arep ndhadhari.

Ambrusius nyawang tanpa kedhep, nalika ana prawan Itali loro mlebu menyang kafe. Pawakane dhuwur-dhuwur, nganggo clana jean wates dhengkul. Dhadhane mentheg-mentheg kabuntel kaos rada ngampret. Frederika Tahitoe age-age mrepegi tamune, karo mesem, senadyan mripate isih katon mbrabakabang.*

Djaka Lodang, No. 01, 5 Juni 2010

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

397