Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/401

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
EMBAH GABUG
Sutar Mayabudi

“Mbah badhe tindak pundi ..., dalem ndherek,” pitakone bocah wadon putrane Bu Asih, tangga omahku nalika aku lagi arep ngeslah pit montor tuwa.

“O ..., arep ndherek ta, Ndhuk? Rene, rene neng mburi kene, nggon-ceng simbah!”

Rindhik asu digitik bocah wadon sing nembe kelas V SD mau mlayu banjur nyengklak monotr pitku.

Ana rasa marem, ana rasa sengsem, ana rasa matur nuwun menyang Gusti dene ing umurku 70 taun iki isih bisa ngeslah montor lan nggoncengake bocah. Senajan bocah mau dudu apa-apaku. Mung anake tangga.

Wis tinakdirake dening Gusti aku ora duwe anak, apa maneh putu. Wis 10 taun iki aku purna minangka guru SD lan manggon ing desa Ceger, kompleks perumahan sing dibangun dening pengembang swasta.

Jenengku sing asli Winarsih. Ing perumahan iku ora ana sing nyebut meneh kajaba aku yen njupuk pensiunan ana ing sawijining bank. Saben dina dening bocah-bocah Ceger, aku disebut Embah, Embah Gabug amarga pancen ora duwe anak. Dening bapak-ibune bocah-bocah mau uga ana sing nyebut Embah, Embah Gabug. Aku dhewe seneng disebut Embah Gabug.

“Win ..., aku bener-bener tresna menyang kowe!” tembunge Agus ngrerepa menyang aku, ing pinggire Kali Kranji, sing ana samburine gedhong SGA, kira-kira jam telu sore sabubare sekolah. Mbuh wis pira wae Agus ngrerepa aku nganggo tembung tresna. Durung nate aku wangsulan saipit-ipita. Paling-paling mung mesem nglegani. Rasane abot lan angel arep wangsulan.

“Iya Gus ..., aku tresna kowe!” Nanging uga abot lan angel arep wangsulan, “Ora Gus ..., aku ora tresna kowe!”

Dak akoni seneng ngrungokake rerepane Agus, ora tau bosen, wang-sulanku panggah mesem. Sing kaya-kaya ndadekake penasarane Agus. Kaya-kaya Agus kepengin aku wangsulan iya apa ora. Wangsulan esem kaya-kaya durung ndadekake kemareman atine Agus.

388

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010