Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/357

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

tanpa nembung sing nduwe, masiya isih budhene dhewe alias mbakyune bojoku, nek njupuk-njupuk tanpa nembung kuwi jenenge apa? Sing luwih hebat ki operasine ngenteni yen aku rada lena utawa aku lagi metu saka ngomah. Lan ssing paling hebat dhewe angger wis entuk, baline njur karo mbanting lawang. Pa rag awe mangkel?

Kaya saben malem minggu, mesthi Denok karo bojone sing nyambut gawe ana Salatiga mulih. Wis ta, sega saklawuhe mesthi stock saka omahku. Ora kok medhit, ning nek mben minggu, mben dina malah lawuhe mesthi nunut ki apa ya ilok? Wong istilah negarane wis dhewe-dhewe ta? Nek jenenge wong omah-omah rak wis duwe wilayah territorial dhewe-dhewe. Urusan logistic-e ya kudu dhewe-dhewe. saupama sok nunut ki mbok ya sakadare wae.

Saben aku rasan-rasan bojoku njaluk lawang mburi sing kancingane rusak kae didandani, mesthi “Rasah Buk, ora kepenak karo Mbakyu,” kandhane bojoku karo nglirik aku e ora.

“Ya ben mlebu liwat lawang ngarep lho. Mosok bludhas-bludhus liwat mburi, tur mesthi nyangking. Nek nembung ngono...”

Ning bojoku ora ngerti wong korane ya ijik dipaandengi wae. “Wis ta Buk, mbok sing sumeleh. Sing ikhlas, wong ya mbakyumu dhewe, kepriye maneh. Idhep-idhep nulung dulur…” Wis cep klakep janji wis kaya ngono kuwi, aku wis ora bisa kojah maneh, wong wis dimentahi kaya mengkono. Nulung piye, coba? Wong saben ndina, tur sing ditulung ora ngrumangsani, kaya mengkono kepriye nggonku arep ikhlas? Wong kono bandha ya torah-turah, malah rong ndina kepungkur bar nuku sawahe Lik Sur, jarene kanggo ragile- Denok sing durung entuk bageyan sawah dhewe. Lha kaya mengkono lho! Sawah sak hektar wae kuwat tuku, lha kok jangan lawuhe nunut. Kopi, teh, banyu panas, lenga klentik…, soksok yen dong masak dhewe, bumbune genti sing nunut. Apa ora kebacut ngono kuwi?

Aku manggon ana omah iki, merga pancen ana kene iki lemah bageyane bojoku. Ana kiwane mbakyune. Jarene bojoku, kudu ndang didegi omah ben ora kecaplok terus. pancene luwih ciyut tinimbang Mbokdhene Ririn, merga wis puluhan tahun keluargane budhe ana omah kuwi, sithik mbaka sithik anggere mbangun mesthi mengiwa, mula ya kebablasen tenan.

Biyen nalika lagi anyaran manggon ana omah iki lan durung apal jadwale Mbokdhe, angger keprungu swara klonthang…, gage-gage mlayu neng pawon. Wah, iwakku digondhol kucing iki…, batinku wong mau lagi bar nggoreng layur. Tibakke kok isih wutuh. E, tibake irus cedhak jangan sing mau ana ing ndhuwur ompreng wis nglekar ‘dengan santainya’ ana ing jobin. Bareng tak bukak omprenge, ... we lha dalah, kucing iki

344

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010