Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/256

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Lho! Mbok Sutik kok mutah-mutah. Mengko gek …. Mbok Sutik!” kandhane salah siji wong ndesa iku.

“Iya, ya! Kamangka wis ora duwe wong lanang …,” penyaute liyane.

“Lirih-lirih wae! Sapa maneh nek ora Kadhuse. Aku wis apal. Wis kaping papat dheweke ora ditarik pajek. Dhek entuk borongan hibah sekolahan kae meh saben sore mrono. Jaman wis owah barang kok ya isih kaya ngono wae olehe ndandani. Ben, ben akeh turahane. Mang iki nyalon maneh. E …, wong ya ben isa mblanja Mbok Sutik terus!” sambunge liyane maneh.

“Wis, uwis! Saiki kabeh wis bubrah. Mawut, kabeh wis sarwa ngawut. Jan edan-edanan tenan …!”

“Ilatmu ndower iku apa!”

Dumadakan Mbok Sutik mak gregah. Terus nggetak-nggetak, “Minggat kana, dha minggat kana! Minggaaat …! Ora kok upakara aku ora apa-apa. Ilat nek ilat turah. Reka-reka ngrukuni, rak mung arep nyekel awakku ta? Kae nek arep kepengin mendem, entukku mbenem tela mblubukan kae maeng. Entekna! Ben ora ndoweeeer …!”

“Sepurane lho, Mbok!”

“Sepura-sepurane apa! Tuman! Wong ndesa senenge nek ra rasanrasanan ya gawe-gawe. Sudi pa aku karo bedhugel kae!”

Nyawang Mbok Sutik nesu kaya ngono, wong-wong padha wedi. Njur padha bubar nglungani sawise Mbok Sutik ngadeg karo malang kerik.

Tekan emperan, nesune tambah-tambah bareng weruh Trimo sambatsambat. Lungguh, niba nyang lincak, tangi, pindhah mlebu, njenggelek maneh, menyang emper, niba maneh nyang lincak, njur bali tangi.

“Yung, piye ta Yung, iki?”

“Kumat!?”

“Yung, yuh …, yuh …. Piye iki?”

Mbok Sutik saya ora sabar ngurusi. Tangane Trimo terus digeret.

“Tung, yuh …, yuh …. Piye iki, aku aja digeret. Yuh …, yuh ….”

“Budiya sakarepmu!”

Trimo sing digeret kang polahe kaya wedhus arep diguyang. Nganti tekan ndalan. Ing dalan-dalan kebak poster, foto-fotone kandhidhat Kadhus. Seminggu engkas ing desa kepencil iku pancen arep enek coblosan, milih Kadhus anyar. Saben calon wis ngentekake wragat yutanan kanggo nglumpukake dhukungan. Embuh mengko, yen wis dadi apa cucuk karo kelangane. Paling-paling mengkone rak golek pulihan.

“Wis, gek ayo. Ra sah nyowang-nyaweng. Arepa si Bodong apa si Monyong kae sing dadi Kadhus, nek ra eker-eker dhewe pa isa kisenan sega wetengmu!” swarane Mbok Sutik isih nggetak-nggetak.

“Yuh …, yuh …, yuh …. Iki arep menyang ngendi, Yung?”

“Kowe arep tak guwak!”

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

243