Kaca:Basa Jawa Ib.pdf/4

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Bebukaning atur.

Pasinaon “Maca lan nulis Wiwitan” punika peranganipun pasinaon Basa Jawi ing Sekolah Dasar.

Pramila buku punika mengku wigatos kalih warni, inggih punika:

  1. minangka pasinaon Maca lan Nulis Teknis,
  2. minangka pasinaon Basa Jawi,


Buku punika kadhapuk adhedhasar Metoda Analitik Sintetik (SAS), satunggaling Metoda kangge nggayuh ancasipun pasinaon kalih warni punika.

Wondene pathi sarinipun Metoda SAS makaten inggih punika, cara nyinau "lambang fonim” sarana ngginakaken dhapukanipun ukara, awit suraosipun basa, maknaning ukara saha tegesipun tembung punika badhe nggampilaken pasinaon maos lan nyerat.

Nanging, badhea, kados pundi kemawon, buku punika namung satunggaling pirantosipun pasinaon. Awit saking punika, borong para bapak saha ibu guru ingkang saben diten tansah gulang-gulung kaliyan para putra murid amrih pasinaon maca lan nulis punika saged kaleksanan kanthi sae.

Wasana sadaya panyaruwe katampi kanthi senenging manah.
Nuwun.

Klaten, Januari 1974.