Kaca:Basa Djawi I.pdf/8

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
6


D. : „Enggih.”
K. : „Kula didoli lemperé niku 15 rupijah, kalih tahuné niku 10 rupijah.”
D. : „Enggih, dientosi krijin.”
S. : „Empun larang-larang, iwaké niku diimbuhi.”
D. : „Boten, niki empun mirah.”
K. : „Ah, tahuné kok larang, diimbuhi malih.”
D. : „É, boten, wong saniki ḍeléné larang. ngGa barangé. Sinten sing susuk niki wau?”
K. : „Kula.”


Djebul bareng dibukak segané weḍi, iwaké tuntut, lemperé lempung, tahuné arès bonggol.


I. WANGSULANA.
  1. Sapa sing paḍa pasaran iku mau ?
  2. Milih ngisor djambu, supaja apa ?
  3. Pirantiné apa baé ?
  4. Sing dienggo sega apa ?
  5. Sing dienggo iwak apa ?
  6. Sing dienggo lemper apa ?
  7. Sing dienggo ḍuwit apa ?
  8. Swarané ramé, sabab paḍa apa ?


II. RAMPUNGNA (loro, telu).
  1. Sing sok diradjang, kaja ta : .......
  2. Sing sok diwungkus, kaja ta : .......
  3. Sing sok dibitingi, kaja ta: .......
  4. Sing sok ditalèni, kaja ta: .......
  5. Sing sok disabun, kaja ta: .......
  6. Sing sok diedang, kaja ta: .......