Kaca:Basa Djawi I.pdf/11

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
9
3. TUKU MANUK.
Basa Djawi I (page 11 crop)

Darman ḍèk Minggu mèlu embokné menjang pasar. Ana ing pasar weruh bakul manuk, bandjur kepéngin. Manuké warna-warna: djalak, puter, dara, ṭilang, perkutut lan lijané manèh. Darman ndjaluk ditukokaké djalak. Awaké léngkak-léngkok, arep nangis. Embokné nuruti, ditukokaké sakurungané pisan, rega 15 rupijah. Darman seneng banget, ora sida nangis. Manuké pidjer diiling-ilingi. Bareng embokné wis tjukup butuhé, bandjur paḍa mulih. Ana ing ngomah didokoki pangombèn karo geḍang. Ditjanṭèlaké ing ngèmpèr.

I. RAMPUNGNA.
  1. Djalak iku sok bisa .......................
  2. Jèn puter sok bisa .......................
  3. Manuk mabur nganggo ......................
  4. Wulung iku sok mangsa ....................
  5. Bèṭèt lan wulung tjutjuké ... mripaté .....