Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/68

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

BANDHA KAMARDIKAN 57


KANUGRAHAN

Yessiea Chrisiana'

sangang wulang ibu ngandhut aku
tanpa rasa abot lan susah
bapak ibu ngarep-arep tekaku
tansah rasa bungah
dhuh Gusti...
aku ngaturake panuwun
amarga wis dipanngi
wong tuwa kang kebak sih
matur nuwun takaturake
kanugrahan sing gedhe iki
ora bakal taklalekake