Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/57

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

46 Bandha Kamardikan


UNBELIVEBABLE
Desideria

yen aku ndelok jagad iki wah, wah elok tenan
yen aku ndelok wong akeh wah, wah elok tenan
yen aku mikir
kepiye Gusti gawe jagad iki?
kepiye carane Gusti bisa gawe wong-wong akeh ing donya
iki?

nanging kepiye piwalesing manungsa
perang ana ing ngendi-endi
akeh wong kang dipateni
kepiye, kepiye iki?

yen aku mikir ngapa Gusti mung meneng wae?
ngapa Gusti ora nesu lan ngapa ora kiamat saiki wae...
ngapa...? ngapa ...?

yen dipikir...
kabeh mesthi Gusti nemtokake
aku ngerti Gusti ora meneng
lenan tenan... kabeh mau
unbelievable