Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/29

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

18 BANDHA KAMARDIKAN


KEMBANG

Taruna Al Hadid


Jroning taman

Jinejer warna-wama kembang

padha mesem ndeleng kahanan

kang nangis marga ngeri ilining getih

uga kembang

kang ngambar wangine ...

mula kupu padha nyedak pamer kasantosan

sinambi cecala njalik panguripan

kupu kang seneng ngambu wangine kembang-Mu

kembang kang mekar menehi kaendahan

nora ana kang bisa nandhingi ambune

kembangku ...

kembang kang dakrawat kanthi nastiti

saiki wus mekar

mekar nuduhake cahyane kang sajak sumunar

muga lestari lan njaga landhepe pucuking eri