Kaca:Babad Solo.pdf/94

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

92

lajeng kausung wangsul lan kasimpen ing Siti Inggil. Pangusungipun wanci jam 12 dalu. Tatacara makaten punika tetep kalestantunaken dumugi jaman samangké, laminipun mèh 400 taun.


* MAESA LAWUNG

Punika carios bab hajad-dalem wilujengan nagari "Rajawédha" ingkang lajeng karan "Maésa Lawung" karanganipun Kangjeng Radèn Tumenggung Handipaningrat.

"Menggah kawontenanipun wilujengan Nagari miturut ingkang kasebat ing serat "Pustakaraja" sarta serat "Witaradya, punapa déné ingkang katerangaben wonten ing serat pangènget-ènget, punika sampun dados adatipun wiwit kala jaman kina nama "Rajawédha".

Para panjenenganipun nate binathara ing muswa Jawi sami nindakaken wilujengan Rajawédha, tegesipun wilujengan sadhakahipun panjenengan nata binathara saben wiwitanipun tahun sapisan, miyos ing Pencaniti angujubaken wilujengan Rajawédha amemulya wilujengenipun Nagari saisèn-isènipun sadaya, sageda tambah-tambah tata-raharjaning praja satalatahipun.

Kacariyos ing nalika jamanipun sang Prabu Sitawaka ing nagari Gilingaya kateman rubéda warni-warni sesakit reresah sasaminipun bandadosaken boten tentreming Praja satalatahipun, nalika samanten amarengi tahun candrasengkala 387, tinengeran "Pujangganing Brahmana Guna". Awit saking kaparengipun Sri Prabu Sitawaka, Brahmana Raddi ing Ngandhong-dhadhapan, kadhawuhan numbali nagari satalatahipun. Brahmana Raddi matur sandika, lajeng nindakaken tumbal sarat sarananipun nagari miwah ing dhusun-dhusun. Para kawula saben wiwitanipun tahun kinèn bebarikan amumulya, kawastanan "Gramawedha", tegesipun wilujengan bersih dhusun, kasarengan wilujengan nagari "Rajawédha".

Boten dangu sesakit lajeng sirep; reresah lerep; punika amimbuhi tata tentrem raharjaning praja satalatahipun sadaya, gemah ripah, tulus ingkang sarwa tinanem. Inggih punika purwanipun para kawula ing padhusunan sami nindakaken Bersih Dhusun, lestari ngantos dumugi samangké punika.